Tingkeban utawi mitoni, salah satunggaling tradisi ing tanah jawi ingkang sampun kauri-uri saking wekdal kala rumiyin. Mitoni kadamel saking tembung pitu ingkang gadhahi teges dipun wontenaken kagem mrengeti 7 wulanipun istri anggenipun mbobot jabang bayi.
Rikala wekdal panyebaran agami islam ing tanah jawi dening walisongo, Sunan Kudus nggadhahi pengangen bab adat mitoni ing versi islam.
Ing carios tutur jawi dipun sebataken bilih Sunan Kudus ing satunggaling wekdal mboten kasil ngempalaken rakyat ingkang taksih mundhi-mundhi adat istiadat lami (hindhu-budha). Kados ingkang kula lan panjenengan mangertosi, budaya lami kala wau kathah ingkang nentang kaliyan ajaran islam. Kadosta kirim donga kanthi sesaji dateng kuburan, slametan neloni, mitoni, lan sanes-sanesipun.
Sunan Kudus sanget nggatosaken tradisi kala wau lan ngupadi kagem ngewahi utawi ngeneraken ing bentuk ingkang islami. Mekaten ugi slametan mitoni, acara ingkang waunipun dipun tujokaken dhateng dewa menawi putraipun mios supados bagus kados dene Arjuna lan menawi ayu supados kados dene Dewi Ratih. Dening Sunan Kudus dipun ewahi supados sesuwunan menika namung dhumateng Allah SWT kanthi pangajab menawi putra mios jaler menika kados Nabi Yusuf lan menawi estri kados Maryam (ibunipun Nabi Isa). Pramila keng bapa lan ibunipun kedah ngathah-ngathahi maos serat Yusuf lan serat Maryam ing salebeting Al-Qur’an.
Saderengipun acara slametan dipun laksanakaken, dipun wonteni pamaosan Layang ‘Ambiya utawi sejarah para nabi ingkang biasanipun ingkang dipun waos inggih menika bab Nabi Yusuf. Dumugi wekdal menika pamaosan Layang ‘Ambiya taksih gesang ing masyarakat padesan kanthi wujud tembang asmarandana, pucung, lan sanesipun.
0 komentar:
Posting Komentar