2 Maret 2013

Kutha Ngayogyakarta Hadiningrat

Lumadegipun Kutha Yogyakarta dipun purwakani dening Perjanjen Gianti rikala tanggal 13 Februari 1755 ingkang dipun tapak asmani dening Kompeni Walandi inggih menika dening Gubernur Nicholas Hartingh atas nama Gubernur Jenderal Jacob Mossel.  Suraosipun Perjanjen Gianti : Nagari Mataram dipun para dumados kalih, sepalih taksih dados hakipun Kerajaan Surakarta, lan sepalih malih hakipun Pangeran Mangkubumi. Ing perjanjen menika ugi Pangeran Mangkubumi dipun akeni minangka Raja ing sepalih daerah pedalaman Kerajaan Jawi kanthi gelar Sultan Hamengku Buwono Senopati Ing Alega Abdul Rachman Sayidin Panatagama Khalifatullah.
Wondene daerah-daerah ingkang dumados kakuasanipun inggih menika Mataram (yogyakarta), Pojong, Sukowati, Bagelen, Kedu, Bumigede lan dipun tambah daerah manca inggih menika Madiun, Magetan, Cirebon, Sepalih Pacitan, Kartosuro, Kalangbret, Tulungagung, Mojokerto, Bojonegoro, Ngawen, Sela, Kuwu, Wonosari, Grobogan.

Sasampunipun rampit Perjanjen pembagian daerah kala wau, Pangeran Mangkubumi ingkang gadhahi gelar Sultan Hamengku Buwono I enggal-enggal netepaken bilih tlatah Mataram ingkang wonten ing salebeting kakuasanipun menika dipun paringi asma Ngayogyakarta Hadiningrat lan ibukotanipun ing Ngayogakarta (Yogyakarta).  Katetepan menika dipun wara-warakaken rikala tanggal 13 Maret 1755.

Tlatah ingkang dipun pilih dumados ibukota lan pusat pamarentahan kala wau inggih menika alas ingkang kasebat Beringin, ingkang sampun wonten satunggaling desa alit kanthi nama Pachetokan, wondene ing mriku wonten pesanggrahan ingkang dipun wastani Garjitowati, ingkang rumiyin  dipun damel dening Susuhunan Paku Buwono II lajeng asmanipun dipun gantos dumados Ayodya. Sasampunipun panetepan kasebat, Sultan Hamengku Buwono enggal-enggal mrentahaken dhumateng rakyat supados mbabat alas kala wau kagem dipun adhegi Kraton.
Saderengipun Kraton dumados, Sultan Hamengku Buwono I purun manggeni pesanggrahan Ambarketawang ing tlatah Gamping. Lenggah ing pesanggrahan menika kawiwitan rikala tanggl 9 Oktober 1755. Saking tlatah menika piyambakipun tansah ngawat-awati lan ngatur pembangunan kraton ingkang nembe dipun laksanakaken.
Setunggal taun kalampahan, Sultan Hamengku Buwono I lajeng mlebet ing Istana enggalipun kagem peresmianipun. Kanthi menika, Kutha Yogyakarta lumadeg kanthi asma wetah Negari Ngayogyakarta Hadiningrat. Pesanggrahan Ambarketawang dipun tilar kanthi resmi rikala tanggal 7 Oktober 1756.
Kutha Yogyakarta dibangun rikala taun 1755, sesarengan kaliyan lumadegipun Kerajaan Ngayogyakarta Hadiningrat dening Sri Sultan Hamengku Buwono I ing Alas Beringin, tlatah ing antawisipun Kali Winongo lan Kali Code, tlatah ingkang ketingal strategis miterat segi pertahanan keamanan ing wekdal kala wau.
Sasampunipun Proklamasi Kamardikan 17 Agustus 1945, Sri Sultan Hamengku Buwono IX lan Sri Paduka Paku Alam VIII nampi piagem pengangkatan dumados Gubernur lan Wakil Gubernur Provinsi DIY saking Presiden RI. Salajengipun rikala tanggal 5 September 1945 piyambakipun ngedalaken amanat ingkang  mratelakaken bilih daerah Kesultanan lan daerah Pakualaman inggih menika Daerah Istimewa ingkang dados bagean saking Republik Indonesia miterat pasal 18 UUD 1945. Lan rikala tanggal 30 Oktober 1945, piyambakipun ngedalaken amanat ingkang kaping kalih, ingkang mratelakaken bilih pelaksanan Pamarentah ing Daerah Istimewa Yogyakarta badhe dipun laksanakaken dening Sri Sultan Hamengku Buwono IX lan Sri Paduka Paku Alam VIII sesarengan Badan Pekerja Komite Nasional.
Kutha Yogyakarta ingkang nyingepi daerah Kasunanan lan Pakualaman, nembe dumados Kota Praja utawi Kota Otonomi kanthi miosipun Undang-undang Nomer 17 Taun 1947. Lan kanthi Undang-undang Nomer 18 Taun 1965, sebatan Kota Praja dipun gantos dados Kotamadya Yogyakarta ingkang dipun pandhegani dening Walikota.
Dene walikota ingkang nate mandhegani Kutha Yogyakarta inggih menika:

No Walikota Masa Jabatan
1. M. Enoch Mei 1947 - Juli 1947
2. Mr. Soedarisman Poerwokoesoemo Juli 1947 - Januari 1966
3. Soedjono A. Y. Januari 1966 - November 1975
4. H. Ahmad November 1975 - Mei 1981
5. Soegiarto 1981-1986
6. Djatmiko D 1986-1991
7. R. Widagdo 1991-2001
8. Herry Zudianto 2001-2011
9. Drs. H. Haryadi Suyuti 2011-samenika

Kutha Yogyakarta kadhapuk saking 14 kecamatan, inggih menika:
  1. Mantrijeron
  2. Kraton
  3. Mergangsan
  4. Umbulharjo
  5. Kotagedhe
  6. Gondokusuman
  7. Danurejan
  8. Pakualaman
  9. Gondomanan
  10. Ngampilan
  11. Wirobrajan
  12. Gedongtengen
  13. Jetis
  14. Tegalrejo
Dene wates administratifipun saking Kutha yogyakarta inggih menika:
  • Ing sisih ler : Kecamatan Mlati lan Kecamatan Depok, Kabupaten Sleman
  • Ing sisih wetan : Kecamatan Depok, Kabupaten Sleman lan Kecamatan Banguntapan, Kabupaten Bantul
  • Ing sisih kidul : Kecamatan Banguntapan, Kecamatan Sewon, lan Kecamatan Kasihan, Kabupaten Bantul
  • Ing sisih kilen : Kecamatan Gamping, Kabupaten Sleman lan Kecamatan Kasihan, Kabupaten Bantul

Lajengaken Maos...

Pengangen Tradisi Mitoni ingkang Islami

Tingkeban utawi mitoni, salah satunggaling tradisi ing tanah jawi ingkang sampun kauri-uri saking wekdal kala rumiyin. Mitoni kadamel saking tembung pitu ingkang gadhahi teges dipun wontenaken kagem mrengeti 7 wulanipun istri anggenipun mbobot jabang bayi. 
Rikala wekdal panyebaran agami islam ing tanah jawi dening walisongo, Sunan Kudus nggadhahi pengangen bab adat mitoni ing versi islam.
Ing carios tutur jawi dipun sebataken bilih Sunan Kudus  ing satunggaling wekdal mboten kasil ngempalaken rakyat ingkang taksih mundhi-mundhi adat istiadat lami (hindhu-budha). Kados ingkang kula lan panjenengan mangertosi, budaya lami kala wau kathah ingkang nentang kaliyan ajaran islam. Kadosta kirim donga kanthi sesaji dateng kuburan, slametan neloni, mitoni, lan sanes-sanesipun.

Sunan Kudus sanget nggatosaken tradisi kala wau lan ngupadi kagem ngewahi utawi ngeneraken ing bentuk ingkang islami. Mekaten ugi slametan mitoni, acara ingkang waunipun dipun tujokaken dhateng dewa menawi putraipun mios supados bagus kados dene Arjuna lan menawi ayu supados kados dene Dewi Ratih. Dening Sunan Kudus dipun ewahi supados sesuwunan menika namung dhumateng Allah SWT kanthi pangajab menawi putra mios jaler menika kados Nabi Yusuf lan menawi estri kados Maryam (ibunipun Nabi Isa). Pramila keng bapa lan ibunipun kedah ngathah-ngathahi maos serat Yusuf lan serat Maryam ing salebeting Al-Qur’an.
Saderengipun acara slametan dipun laksanakaken, dipun wonteni pamaosan Layang ‘Ambiya utawi sejarah para nabi ingkang biasanipun ingkang dipun waos inggih menika bab Nabi Yusuf. Dumugi wekdal menika pamaosan Layang ‘Ambiya taksih gesang ing masyarakat padesan kanthi wujud tembang asmarandana, pucung, lan sanesipun.

Lajengaken Maos...
17 Februari 2013

Crita saka Desa

Crita saka Desa
Sugiarto B Darmawan

Wengi kang peteng adhem kasempyok banyu udan
Omah gedhek bolong kana-kene gendhenge bocor
Senthire abang surem
Ing pojok kana bojo lan anake wis ngringkel
Iki pancen dudu crita anyar kanggone kang Karto

Wengi kang peteng adhem kasempyok banyu udan
Kang Karto ora bisa mikir apa saliyane
Sawah lan ama kang lunga teka
Kuwi kabeh luwih wigati katimbang apa wae
Bintang-bintang film, pemimpin-pemimpin partai
Seniman-seniman kondhang utawa proyek rega
triliyunan

Kang Karto cendhek ireng tanpa sunar ing mata
Urip makarya saben dina tanpa pikiran neka-neka
Lebur ing lemah, banyu, panas, angin
Rina wengi
Lila nglarungake impen endah dawa
Duweke kabeh manungsa

Kang Karto cendhek ireng tanpa sunar ing mata
Nggusah kabeh kasangsaran kang teka
Ora nganggo tangis dawa
Ora nganggo sambat ngaru-ara
Nanging nganggo esem
Tanpa ana rasa kuciwa.

Lajengaken Maos...

Laos, saking Bumbu dumugi Obat Panu

Laos lumebet salah satunggaling rempah-rempah wigati ingkang saged tuwuh bawera ing Indonesia. Umbinipun saged kaginakaken kagem bumbu masak. Taneman menika tuwuh ing daerah dataran andhap dumugi inggil kirang langkung 1.200 meter sainggiling permukaan segara.
Rimpang umbining laos saged kagem usada karana ngandhut atsiri, pinem, metil, sinamat, lan terpen. Laos menika gadhahi serat ingkang kasar lan gadhahi ambet ingkang khas. 
Dene penyakit ingkang saged diobati ngagem laos antawisipun:
  1. Penyakit kulit kadosta kadas, kudis, koreng, panu lan borok. Cara ndamelipun, laos lan bawang dipun deplok ngantos alus kanthi perbandingan 1:4, 1 laos lan 4 bawang. Cara ngginakakenipun, olet lan pepetaken ramuan kala wau ing kulit ingkang sakit.
  2. Kurap ingkang naun. Caranipun sami kados ing angka setunggal, nanging saderengipun dipun ginakakekan, dipun paringi cuka rumiyin.
  3. Rematik. Laos ingkang taksih seger dipun girahi, lajeng dipun godhog wonten ing toya ingkang umup. Salajengipun toya godhogan ingkang taksih anget wau dipun agem kagem siram. Lan siram ngagem toya godhogan kala wau dumugi mantun.
  4. Laos ingkang dipun ginakaken kagem bumbu masak menika kanthi mboten langsung saged ngobati Mumet, nyeri dhadha, ngiataken lambung, lan ndandosi pencernaan.

Lajengaken Maos...

Tuku Impen

Tuku Impen
Dening Adinda AS

Ing protelon sacedhake dalan mlebu kampunge, Harman ngrindhikake motore nalika bali kantor. Ora kaya adate, sore iku akeh wong nggrombol sangisore wit gedhe pinggir dalan. Harman pengin ngerti, motore diparkir cedhak pos ojek banjur melu nrambul grombolane wong-wong sing kepencut ngrubung pawongan lanang tuwa, bakul jamu kang panggonane sarwo ireng.
“Bapak-bapak mboten perlu korupsi, kolusi. Ugi mboten perlu colong jupuk, pedamelan ingkang dipun awisi agami. Nanging panjenengan sedaya saged pikantuk donya brana kanthi gampil. Bapak-bapak saged nggayuh pangkat, drajar, panguwaos, kekiyatan, lan kadigdayan kanthi gampil tanpa kedah nerak hukum...” mangkono kojahe pak tuwa sing jenggoten putih dawa iku.
“Punika kapsul ajaib saking paguron lan padhepokan kula, ingkang kula tampi kanthi ajaib sasampunipun kula lampah tapa sawetawis dangu,”. Wong mau banjur nuduhake barang kang diwungkus mori putih.
“Barang ingkang kula aturaken punika setunggal paket, wonten tigang kapsul,” kandhane maneh propagandha.
Bareng dibukak, isine glintiran sa endog cecak cacahe telu warna ireng, biru, lan putih.
“Menawi bapak dhahar kapsul werni cemeng punika saderenge sare, bapak bakal ngalami impen utawi nyupena badhe dados priya ingkang jagoan mboten wonten ingkang ngalahaken. Mboten perlu dados penjahat utawi pejabat, panjenengan saged tumindak sa wenang-wenang dhateng sinten kemawon.”
Harman gedheg-gedheg. Ah, jaman reformasi, bakul jamu wae kendele omong kaya mangkono.
Bakul jamu mau nerusake propagandhane, bengi ka loro sing diombe kapsul warna biru. Sing ngombe bakal lumebu ing donya brana kang tanpa wilangan. Ana ing bengi ka loro kuwi, bakal dadi priya jagoan kang sekti mandraguna, sugih brewu digandrungi wanita akeh. Dene bengi ka telu, kapsul warna putih, sing ngombe bakal dadi pejabat dhuwur kebak panguwasa lan kamulyan.
“Sowan kula mriki mboten mbekta kapsul kathah, namung sedasa paket. Sinten ingkang sigrak bakal nyandhak, barang punika mboten kula sade. Sirikan ageng!
Namung kula betah wragad transport, pengaos rokok sa bungkus.” Kandhane maneh.
Dumadahan bakul jamu mau nudingi Harman, kandhane cocog yen ngombe kapsul ajaib iki. Pak tuwa jenggoten putih kuwi mbedheki Harman, jarene dheweke anak tunggal lair dina Selasa Kliwon, laire mbarengi banjir bandhang. Harman kaget, gugup, dheg-dhegan. Aneh pambadhene pak tuwa kuwi kabeh bener, apa mung kebeneran wae? Kanggo nebus rasa salahe Harman ngrogoh sak, njupuk dhuwit kertas rong puluh ewu rupiah diulungake.
Harman manthuk, barang sing disebut kapsul ajaib ditampa kanthi tangan ndredeg. Tanpa nampa susuke, Harman enggal bali mulih.
Bengine Harman mapan turu luwih gasik, sajake propagandhane pak tuwa bakul jamu jenggot putih wis manjing ana atine. Kanthi pangarep-arep kapsul ajaib telung iji ditimbang-timbang ana tangane, apa salahe aku nyoba dadi wong sugih nadyan mung ana impen. Harman mutusake, kapsul warna biru diuntal terus mapan turu.
Durung suwe turune, Asri bojone nggugah Harman. Jare ana tamu wong papat, nunggu ana ruang tamu.
“Selamat! Selamat pak Harman, panjenengan dados tiyang ingkang sugih piyambak wonten kabupaten punika. Malah mbok menawi sa negari.” Kandhane pak Bandi.
Tetela wong papat mau, sijine minangka kuasa hukume Tuan Hansens bangsa Walanda menehi dana hibah deposito kang cacahe 250 juta US dollar marang Harman. Wah pira yen dirupiahke?
Manut ujare tamune mau, Tuan Hansens nalika jaman perang kamardikan utang nyawa marang mbah Djojo simbahe Harman. Jalaran bapake Harman putra tunggale Mbah Djojo wis tilar donya, mula Harman kang uga anak tunggal ditetepake minangka pewaris tunggale Tuan Hansens pawongan sugih mbrewu nanging ora duwe turun.
Ah, ora tinemu nalar kaya wong ngimpi wae. Harman nggeget ilate. Dheweke pringisan kelaran. Dadi ora ngimpi, nanging mokal banget jaman saiki ana wong menehke bandha donya pengaji gedhe banget kanthi entheng lan gampang.
Harman durung yakin, nanging esuke nyatane ing kantor cabang bank gedhe dipasrahake deposito Tuan Hansens kanggo Harman. Hibah perusahaan-perusahaan ditindakake ing Jakarta, yen Harman sumadiya.
Wiwit dina kuwi Harman uripe mubra-mubru, saben dina pesta, bojane andrawina. Saiki Harman manggon ing omah super mewah, kaya kratone raja-raja ana kawasan elite ibukota.
Donya lan wanita, krana prakara loro mau akeh wong lanang sing kaya Harman biyen saleh, mursid, ucul saka kendhali dadi pawongan sing nguja hawa nepsu pangaribawabe setan. Ana Sofie lan Sonya, kenya sulistya lan seksi ngancani panguripan saben dinane Harman. Sijine ndulang, sijine mijeti lan ngelus-elus sa kojur badanne, mripate Harman merem-melek ngrasakake nikmat...
“Mas... tangi. Wis awan!”
Harman gragapan tangi, sikile digered rada kasar. Harman nguceg-uceg mripate.
“Lho endi Sofie...endi Sonya, lho...” mripate pendirangan sirahe lingak-linguk bingung.
“Panjenengan mesthi ngimpi, mas. Wis ndang cepet siram, mengko telat ngantore!”
Impen dhek bengi nengsemake banget, kaya dumadi temenan. Harman ngombe banyu putih sa clegukan. Arep mapan turu maneh, ora ngantor dina iku.
Kapsul warna ireng lan putih diuntal bebarengan, karepe ndang ngrasakake kabeh sing dikandhakake pak tuwa jenggot putih.
“Mas, ana tamu...” bojone alok nggugah. Nanging Harman ora obah.
Asri nangis mingseg-mingseg ngadhepi bojone sing wis nggejojor kaku tanpa nyawa ing peturon, saka cangkeme ndlewer getih kenthel. Ora ana sing ngerti sebab apa, asri mung weruh bojone ngombe pil sadurunge mapan turu. Ah, banget larange pengajine sawijining impen. ***

Lajengaken Maos...
14 Februari 2013

Tugu Jogja, Manunggaling Kawula Gusti

Tugu Jogja inggih menika salah satunggaling landmark-ipun Kutha Ngayogyakarta ingkang paling kawentar. Tugu ingkang yuswa meh 3 abad menika gadhahi makna ingkang lebet sanget lan nyimpen pinten-pinten rekaman sejarah Kutha Ngayogyakarta.
Tugu Jogja dibangun kinten-kinten setunggal tahun sasampunipun Kraton Ngayogyakarta lumadeg, dening Sri Sultan Hamengku Buwono I, inggih pendirining Kraton Ngayogyakarta. Lumadeg ing saprosekawan margi inggih menika Dalan Pangeran Diponegoro, Dalan AM. Sangaji, Dalan Jenderal Sudirman, lan Dalan Pangeran Mangkubumi.
Tugu Golong Gilig
Rikala wiwitan lumadegipun, bangunan menika kanthi cetha nggambaraken Manunggaling Kawula Gusti, krenteg manunggalipun rakyat kaliyan penguasa kagem nglawan para penjajah. Krenteg manunggal utawi ingkang kasebat Golong Gilig menika kagambaraken cetha wonten ing bangunan tugu. Sakanipun awujug gilig (silinder) lan inggilipun awujud golong (bunder), dumugi wusananipun dipunwastani Tugu Golong Gilig.  Nalika lumadeg, tugu menika awujud saka silinder ingkang nyonthong ing nginggil, lan ing ngandhapipun awujud pager saubeng. Panggenan  tugu menika ugi dumados pathokan eneripun nalika Sri Sultan Hamengku Buwono I nindakaken mertapa, ingkang ngadhep pucuking Gunung Merapi. Inggilipun Tugu Golong Gilig menika ing purwakanipun dumugi 25 meter.
Swasana tugu menika ewah rikala tanggal 10 Juni 1867, ing wekdal menika kadadosan prahara lindhu ageng ingkang nggoncang tlatah Ngayogyakarta lan ndadosaken tugu menika ambleg. Kawontenanipun estu-estu ewah ing tahung 1889, nalika pamarentah Walandi mugar bangunan tugu. Tugu dipun damel wujud kothak kanthi dipun paes prasasti ing saben iringipun ingkang nuduhaken sinten kemawon ingkang tumut wonten ing pamugaran kala wau. Ing inggilipun tugu mboten awujud bunder malih, nanging awujud conthong ingkang lancip. Inggilipun ugi dados langkung andhap, namung 15 meter utawi 10 meter langkung andhap saking bangunan aslinipun. Wiwit wekdal niku, tugu kawastanan minangka De Witt utawi Tugu Pal Putih.
Tugu Pal Putih
Pamugaran bangunan menika sejatosipun namung caranipun Walandi kagem mecah manunggal antawisipun rakyat kalian raja. Nanging, ningali saking perjuanganipun rakyat lan raja ing Ngayogyakarta, kanyata upaya kala wau mboten kasil.
Tugu Jogja menika salah satunggaling poros imajiner antawisipun Segara Kidul, Kraton Ngayogyakarta, lan Gunung Merapi. Menawi katarik garis ingkang lempeng, saged dipun panggihi objek-objek wisata ingkang nggumunaken, inggih menika Gunung Merapi, Kaliurang, Monumen Jogja Kembali, Tugu Jogja, Stasiun Tugu, Malioboro, Pasar Beringharjo, Benteng Vredeburg, Alun-alun Ler, Kraton Ngayogyakarta, Alun-alun Kidul, Panggung Krapyak / Kandhang Menjangan, Desa Wisata Manding, lan dumugi Pantai Kidul inggih menika Parangtritis.

Lajengaken Maos...
12 Februari 2013

Sang Surya, Dewaning Srengenge

Surya gadhahi artos srengenge inggih sumber gesanging para makhluk ing alam donya. 
Ing pewayangan jawi, Surya menika salah satunggaling dewa inggih Bathara Surya inggih menika dewaning srengenge. Bathara Surya sampun kawentar sekti mandraguna lan dumados salah satunggaling dewa andalan ing kayangan Ekacakra. Bathara Surya kaloka remen paring pusaka lan aji-aji dhumateng tetiyang ingkang pinilih. 
Bhatara Surya menika kondhang nggadhahi putra ingkang kathah saking mapinten-pinten wanita antawisipun saking Dewi Kunthi ingkang miosaken Adipati Karna (ing carios Mahabharata). Ing carios Mahabharata, Dewi Kunthi nampi satunggaling aji-aji saking Resi Druwasa inggih menika Aji Adityaherdaya. Aji-aji menika menawi dipun sebataken, piyambakipun saged nimbali para dewa lan miosaken putra saking dewa menika. 

Pitados dhumateng aji menika, tanpa mboten dipun emuti Kunthi sampun nrejang pangemutipun sang guru supados mbuten ngucap Aji Pameling Wekasing Tunggal ing wekdal angsluping srengenge. Karana sampun nrejang pangemutipun Resi Druwasa, saengga Bhatara Surya dumugi, nanging nalika Surya dumugi, Kunthi rumaos ajrih lan nyuwun supados Surya wangsul. Nanging, Surya gadhahi kewajiban inggih nyekapi aji-aji kala wau saderengipun wangsul. Bhatara Surya ngakeni menapa ingkang dipun ajrihi dening Dewi Kunthi, lan sagah nanggel menapa ingkang dipun dermi. Karana sampun wancinipun miosaken keng putra, pramila Bhatara Surya ngedalaken jabang bayi saking talinganipun Kunthi ing pangajab mboten ngrisak prawanipun. Jabang bayi menika lajeng dipun paringi asma Karno ingkang ateges talingan, sesebatan sanesipun inggih menika Surya Putra
Karana Kunthi boten purun wonten tiyang sanes mangertosi kedadosan menika, kanthi kapeksa ngentiraken sang jabang bayi wonten ing Kali Gangga ingkang muaranipun ing Astina. Karna ingkang saya dangu tambah ageng akhiripun langkung milih dados salah satunggaling punggawa perang saking Kurusetra utawi kulawarga Kurawa. 
Bhatara Surya ingkang lenggah tahta ing kayangan Ekacakra, hanampi widadari mbakyu adhi kagem diangkat garwa inggih asma Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni. Dening Sang Hyang Wenang, kekalih garwa kala wau dipun caosi tigan ingkang cacah setunggal-setunggal. Tigan ingkang dipun paringaken dhumateng Dewi Ngruna menika lajeng netes lan mios peksi ingkang cacah kalih lan dipun paringi asma Sampati lan Jatayu. Dene tiganipun Dewi Ngruni lajeng netes mios naga ingkang cacah kalih ugi lajeng dipun paringi asma Naga Gombang lan Sawer Wisa. 
Bhatara Surya gadhahi tunggangan wujud kreta ingkang ditarik turangga cacah pitu. Kreta menika nate dipun ampil dening Bhatara Wisnu rikala ngasoraken Prabu Watugunung inggih narendra ing Giliwengsi. 
Ing satunggaling wekdal, sang Surya mangertosi kedadosan Kala Rahu mandung Tirta Amerta inggih tirtaning gesang para dewa. Tundhonipun Bhatara Surya menika dipun incim dening Kala Rahu badhe diuntal. Menawi Surya saged dipun cepeng lan diuntal dening Kala Rahu, pramila badhe kadadosan wontenipun grahana bagaskara (gerhana matahari).

Lajengaken Maos...