Tugu Jogja inggih menika salah satunggaling landmark-ipun Kutha Ngayogyakarta ingkang paling kawentar. Tugu ingkang yuswa meh 3 abad menika gadhahi makna ingkang lebet sanget lan nyimpen pinten-pinten rekaman sejarah Kutha Ngayogyakarta.
Tugu Jogja dibangun kinten-kinten setunggal tahun sasampunipun Kraton Ngayogyakarta lumadeg, dening Sri Sultan Hamengku Buwono I, inggih pendirining Kraton Ngayogyakarta. Lumadeg ing saprosekawan margi inggih menika Dalan Pangeran Diponegoro, Dalan AM. Sangaji, Dalan Jenderal Sudirman, lan Dalan Pangeran Mangkubumi.
| Tugu Golong Gilig |
Rikala wiwitan lumadegipun, bangunan menika kanthi cetha nggambaraken Manunggaling Kawula Gusti, krenteg manunggalipun rakyat kaliyan penguasa kagem nglawan para penjajah. Krenteg manunggal utawi ingkang kasebat Golong Gilig menika kagambaraken cetha wonten ing bangunan tugu. Sakanipun awujug gilig (silinder) lan inggilipun awujud golong (bunder), dumugi wusananipun dipunwastani Tugu Golong Gilig. Nalika lumadeg, tugu menika awujud saka silinder ingkang nyonthong ing nginggil, lan ing ngandhapipun awujud pager saubeng. Panggenan tugu menika ugi dumados pathokan eneripun nalika Sri Sultan Hamengku Buwono I nindakaken mertapa, ingkang ngadhep pucuking Gunung Merapi. Inggilipun Tugu Golong Gilig menika ing purwakanipun dumugi 25 meter.
Swasana tugu menika ewah rikala tanggal 10 Juni 1867, ing wekdal menika kadadosan prahara lindhu ageng ingkang nggoncang tlatah Ngayogyakarta lan ndadosaken tugu menika ambleg. Kawontenanipun estu-estu ewah ing tahung 1889, nalika pamarentah Walandi mugar bangunan tugu. Tugu dipun damel wujud kothak kanthi dipun paes prasasti ing saben iringipun ingkang nuduhaken sinten kemawon ingkang tumut wonten ing pamugaran kala wau. Ing inggilipun tugu mboten awujud bunder malih, nanging awujud conthong ingkang lancip. Inggilipun ugi dados langkung andhap, namung 15 meter utawi 10 meter langkung andhap saking bangunan aslinipun. Wiwit wekdal niku, tugu kawastanan minangka De Witt utawi Tugu Pal Putih.
![]() |
| Tugu Pal Putih |
Pamugaran bangunan menika sejatosipun namung caranipun Walandi kagem mecah manunggal antawisipun rakyat kalian raja. Nanging, ningali saking perjuanganipun rakyat lan raja ing Ngayogyakarta, kanyata upaya kala wau mboten kasil.
Tugu Jogja menika salah satunggaling poros imajiner antawisipun Segara Kidul, Kraton Ngayogyakarta, lan Gunung Merapi. Menawi katarik garis ingkang lempeng, saged dipun panggihi objek-objek wisata ingkang nggumunaken, inggih menika Gunung Merapi, Kaliurang, Monumen Jogja Kembali, Tugu Jogja, Stasiun Tugu, Malioboro, Pasar Beringharjo, Benteng Vredeburg, Alun-alun Ler, Kraton Ngayogyakarta, Alun-alun Kidul, Panggung Krapyak / Kandhang Menjangan, Desa Wisata Manding, lan dumugi Pantai Kidul inggih menika Parangtritis.

0 komentar:
Posting Komentar