Laos lumebet salah satunggaling rempah-rempah wigati ingkang saged tuwuh bawera ing Indonesia. Umbinipun saged kaginakaken kagem bumbu masak. Taneman menika tuwuh ing daerah dataran andhap dumugi inggil kirang langkung 1.200 meter sainggiling permukaan segara.
Rimpang umbining laos saged kagem usada karana ngandhut atsiri, pinem, metil, sinamat, lan terpen. Laos menika gadhahi serat ingkang kasar lan gadhahi ambet ingkang khas.
Dene penyakit ingkang saged diobati ngagem laos antawisipun:
- Penyakit kulit kadosta kadas, kudis, koreng, panu lan borok. Cara ndamelipun, laos lan bawang dipun deplok ngantos alus kanthi perbandingan 1:4, 1 laos lan 4 bawang. Cara ngginakakenipun, olet lan pepetaken ramuan kala wau ing kulit ingkang sakit.
- Kurap ingkang naun. Caranipun sami kados ing angka setunggal, nanging saderengipun dipun ginakakekan, dipun paringi cuka rumiyin.
- Rematik. Laos ingkang taksih seger dipun girahi, lajeng dipun godhog wonten ing toya ingkang umup. Salajengipun toya godhogan ingkang taksih anget wau dipun agem kagem siram. Lan siram ngagem toya godhogan kala wau dumugi mantun.
- Laos ingkang dipun ginakaken kagem bumbu masak menika kanthi mboten langsung saged ngobati Mumet, nyeri dhadha, ngiataken lambung, lan ndandosi pencernaan.

0 komentar:
Posting Komentar