Surya gadhahi artos srengenge inggih sumber gesanging para makhluk ing alam donya.
Ing pewayangan jawi, Surya menika salah satunggaling dewa inggih Bathara Surya inggih menika dewaning srengenge. Bathara Surya sampun kawentar sekti mandraguna lan dumados salah satunggaling dewa andalan ing kayangan Ekacakra. Bathara Surya kaloka remen paring pusaka lan aji-aji dhumateng tetiyang ingkang pinilih.
Bhatara Surya menika kondhang nggadhahi putra ingkang kathah saking mapinten-pinten wanita antawisipun saking Dewi Kunthi ingkang miosaken Adipati Karna (ing carios Mahabharata). Ing carios Mahabharata, Dewi Kunthi nampi satunggaling aji-aji saking Resi Druwasa inggih menika Aji Adityaherdaya. Aji-aji menika menawi dipun sebataken, piyambakipun saged nimbali para dewa lan miosaken putra saking dewa menika.
Pitados dhumateng aji menika, tanpa mboten dipun emuti Kunthi sampun nrejang pangemutipun sang guru supados mbuten ngucap Aji Pameling Wekasing Tunggal ing wekdal angsluping srengenge. Karana sampun nrejang pangemutipun Resi Druwasa, saengga Bhatara Surya dumugi, nanging nalika Surya dumugi, Kunthi rumaos ajrih lan nyuwun supados Surya wangsul. Nanging, Surya gadhahi kewajiban inggih nyekapi aji-aji kala wau saderengipun wangsul. Bhatara Surya ngakeni menapa ingkang dipun ajrihi dening Dewi Kunthi, lan sagah nanggel menapa ingkang dipun dermi. Karana sampun wancinipun miosaken keng putra, pramila Bhatara Surya ngedalaken jabang bayi saking talinganipun Kunthi ing pangajab mboten ngrisak prawanipun. Jabang bayi menika lajeng dipun paringi asma Karno ingkang ateges talingan, sesebatan sanesipun inggih menika Surya Putra.
Karana Kunthi boten purun wonten tiyang sanes mangertosi kedadosan menika, kanthi kapeksa ngentiraken sang jabang bayi wonten ing Kali Gangga ingkang muaranipun ing Astina. Karna ingkang saya dangu tambah ageng akhiripun langkung milih dados salah satunggaling punggawa perang saking Kurusetra utawi kulawarga Kurawa.
Bhatara Surya ingkang lenggah tahta ing kayangan Ekacakra, hanampi widadari mbakyu adhi kagem diangkat garwa inggih asma Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni. Dening Sang Hyang Wenang, kekalih garwa kala wau dipun caosi tigan ingkang cacah setunggal-setunggal. Tigan ingkang dipun paringaken dhumateng Dewi Ngruna menika lajeng netes lan mios peksi ingkang cacah kalih lan dipun paringi asma Sampati lan Jatayu. Dene tiganipun Dewi Ngruni lajeng netes mios naga ingkang cacah kalih ugi lajeng dipun paringi asma Naga Gombang lan Sawer Wisa.
Bhatara Surya gadhahi tunggangan wujud kreta ingkang ditarik turangga cacah pitu. Kreta menika nate dipun ampil dening Bhatara Wisnu rikala ngasoraken Prabu Watugunung inggih narendra ing Giliwengsi.
Ing satunggaling wekdal, sang Surya mangertosi kedadosan Kala Rahu mandung Tirta Amerta inggih tirtaning gesang para dewa. Tundhonipun Bhatara Surya menika dipun incim dening Kala Rahu badhe diuntal. Menawi Surya saged dipun cepeng lan diuntal dening Kala Rahu, pramila badhe kadadosan wontenipun grahana bagaskara (gerhana matahari).

0 komentar:
Posting Komentar