17 Februari 2013

Crita saka Desa

Crita saka Desa
Sugiarto B Darmawan

Wengi kang peteng adhem kasempyok banyu udan
Omah gedhek bolong kana-kene gendhenge bocor
Senthire abang surem
Ing pojok kana bojo lan anake wis ngringkel
Iki pancen dudu crita anyar kanggone kang Karto

Wengi kang peteng adhem kasempyok banyu udan
Kang Karto ora bisa mikir apa saliyane
Sawah lan ama kang lunga teka
Kuwi kabeh luwih wigati katimbang apa wae
Bintang-bintang film, pemimpin-pemimpin partai
Seniman-seniman kondhang utawa proyek rega
triliyunan

Kang Karto cendhek ireng tanpa sunar ing mata
Urip makarya saben dina tanpa pikiran neka-neka
Lebur ing lemah, banyu, panas, angin
Rina wengi
Lila nglarungake impen endah dawa
Duweke kabeh manungsa

Kang Karto cendhek ireng tanpa sunar ing mata
Nggusah kabeh kasangsaran kang teka
Ora nganggo tangis dawa
Ora nganggo sambat ngaru-ara
Nanging nganggo esem
Tanpa ana rasa kuciwa.

Lajengaken Maos...

Laos, saking Bumbu dumugi Obat Panu

Laos lumebet salah satunggaling rempah-rempah wigati ingkang saged tuwuh bawera ing Indonesia. Umbinipun saged kaginakaken kagem bumbu masak. Taneman menika tuwuh ing daerah dataran andhap dumugi inggil kirang langkung 1.200 meter sainggiling permukaan segara.
Rimpang umbining laos saged kagem usada karana ngandhut atsiri, pinem, metil, sinamat, lan terpen. Laos menika gadhahi serat ingkang kasar lan gadhahi ambet ingkang khas. 
Dene penyakit ingkang saged diobati ngagem laos antawisipun:
  1. Penyakit kulit kadosta kadas, kudis, koreng, panu lan borok. Cara ndamelipun, laos lan bawang dipun deplok ngantos alus kanthi perbandingan 1:4, 1 laos lan 4 bawang. Cara ngginakakenipun, olet lan pepetaken ramuan kala wau ing kulit ingkang sakit.
  2. Kurap ingkang naun. Caranipun sami kados ing angka setunggal, nanging saderengipun dipun ginakakekan, dipun paringi cuka rumiyin.
  3. Rematik. Laos ingkang taksih seger dipun girahi, lajeng dipun godhog wonten ing toya ingkang umup. Salajengipun toya godhogan ingkang taksih anget wau dipun agem kagem siram. Lan siram ngagem toya godhogan kala wau dumugi mantun.
  4. Laos ingkang dipun ginakaken kagem bumbu masak menika kanthi mboten langsung saged ngobati Mumet, nyeri dhadha, ngiataken lambung, lan ndandosi pencernaan.

Lajengaken Maos...

Tuku Impen

Tuku Impen
Dening Adinda AS

Ing protelon sacedhake dalan mlebu kampunge, Harman ngrindhikake motore nalika bali kantor. Ora kaya adate, sore iku akeh wong nggrombol sangisore wit gedhe pinggir dalan. Harman pengin ngerti, motore diparkir cedhak pos ojek banjur melu nrambul grombolane wong-wong sing kepencut ngrubung pawongan lanang tuwa, bakul jamu kang panggonane sarwo ireng.
“Bapak-bapak mboten perlu korupsi, kolusi. Ugi mboten perlu colong jupuk, pedamelan ingkang dipun awisi agami. Nanging panjenengan sedaya saged pikantuk donya brana kanthi gampil. Bapak-bapak saged nggayuh pangkat, drajar, panguwaos, kekiyatan, lan kadigdayan kanthi gampil tanpa kedah nerak hukum...” mangkono kojahe pak tuwa sing jenggoten putih dawa iku.
“Punika kapsul ajaib saking paguron lan padhepokan kula, ingkang kula tampi kanthi ajaib sasampunipun kula lampah tapa sawetawis dangu,”. Wong mau banjur nuduhake barang kang diwungkus mori putih.
“Barang ingkang kula aturaken punika setunggal paket, wonten tigang kapsul,” kandhane maneh propagandha.
Bareng dibukak, isine glintiran sa endog cecak cacahe telu warna ireng, biru, lan putih.
“Menawi bapak dhahar kapsul werni cemeng punika saderenge sare, bapak bakal ngalami impen utawi nyupena badhe dados priya ingkang jagoan mboten wonten ingkang ngalahaken. Mboten perlu dados penjahat utawi pejabat, panjenengan saged tumindak sa wenang-wenang dhateng sinten kemawon.”
Harman gedheg-gedheg. Ah, jaman reformasi, bakul jamu wae kendele omong kaya mangkono.
Bakul jamu mau nerusake propagandhane, bengi ka loro sing diombe kapsul warna biru. Sing ngombe bakal lumebu ing donya brana kang tanpa wilangan. Ana ing bengi ka loro kuwi, bakal dadi priya jagoan kang sekti mandraguna, sugih brewu digandrungi wanita akeh. Dene bengi ka telu, kapsul warna putih, sing ngombe bakal dadi pejabat dhuwur kebak panguwasa lan kamulyan.
“Sowan kula mriki mboten mbekta kapsul kathah, namung sedasa paket. Sinten ingkang sigrak bakal nyandhak, barang punika mboten kula sade. Sirikan ageng!
Namung kula betah wragad transport, pengaos rokok sa bungkus.” Kandhane maneh.
Dumadahan bakul jamu mau nudingi Harman, kandhane cocog yen ngombe kapsul ajaib iki. Pak tuwa jenggoten putih kuwi mbedheki Harman, jarene dheweke anak tunggal lair dina Selasa Kliwon, laire mbarengi banjir bandhang. Harman kaget, gugup, dheg-dhegan. Aneh pambadhene pak tuwa kuwi kabeh bener, apa mung kebeneran wae? Kanggo nebus rasa salahe Harman ngrogoh sak, njupuk dhuwit kertas rong puluh ewu rupiah diulungake.
Harman manthuk, barang sing disebut kapsul ajaib ditampa kanthi tangan ndredeg. Tanpa nampa susuke, Harman enggal bali mulih.
Bengine Harman mapan turu luwih gasik, sajake propagandhane pak tuwa bakul jamu jenggot putih wis manjing ana atine. Kanthi pangarep-arep kapsul ajaib telung iji ditimbang-timbang ana tangane, apa salahe aku nyoba dadi wong sugih nadyan mung ana impen. Harman mutusake, kapsul warna biru diuntal terus mapan turu.
Durung suwe turune, Asri bojone nggugah Harman. Jare ana tamu wong papat, nunggu ana ruang tamu.
“Selamat! Selamat pak Harman, panjenengan dados tiyang ingkang sugih piyambak wonten kabupaten punika. Malah mbok menawi sa negari.” Kandhane pak Bandi.
Tetela wong papat mau, sijine minangka kuasa hukume Tuan Hansens bangsa Walanda menehi dana hibah deposito kang cacahe 250 juta US dollar marang Harman. Wah pira yen dirupiahke?
Manut ujare tamune mau, Tuan Hansens nalika jaman perang kamardikan utang nyawa marang mbah Djojo simbahe Harman. Jalaran bapake Harman putra tunggale Mbah Djojo wis tilar donya, mula Harman kang uga anak tunggal ditetepake minangka pewaris tunggale Tuan Hansens pawongan sugih mbrewu nanging ora duwe turun.
Ah, ora tinemu nalar kaya wong ngimpi wae. Harman nggeget ilate. Dheweke pringisan kelaran. Dadi ora ngimpi, nanging mokal banget jaman saiki ana wong menehke bandha donya pengaji gedhe banget kanthi entheng lan gampang.
Harman durung yakin, nanging esuke nyatane ing kantor cabang bank gedhe dipasrahake deposito Tuan Hansens kanggo Harman. Hibah perusahaan-perusahaan ditindakake ing Jakarta, yen Harman sumadiya.
Wiwit dina kuwi Harman uripe mubra-mubru, saben dina pesta, bojane andrawina. Saiki Harman manggon ing omah super mewah, kaya kratone raja-raja ana kawasan elite ibukota.
Donya lan wanita, krana prakara loro mau akeh wong lanang sing kaya Harman biyen saleh, mursid, ucul saka kendhali dadi pawongan sing nguja hawa nepsu pangaribawabe setan. Ana Sofie lan Sonya, kenya sulistya lan seksi ngancani panguripan saben dinane Harman. Sijine ndulang, sijine mijeti lan ngelus-elus sa kojur badanne, mripate Harman merem-melek ngrasakake nikmat...
“Mas... tangi. Wis awan!”
Harman gragapan tangi, sikile digered rada kasar. Harman nguceg-uceg mripate.
“Lho endi Sofie...endi Sonya, lho...” mripate pendirangan sirahe lingak-linguk bingung.
“Panjenengan mesthi ngimpi, mas. Wis ndang cepet siram, mengko telat ngantore!”
Impen dhek bengi nengsemake banget, kaya dumadi temenan. Harman ngombe banyu putih sa clegukan. Arep mapan turu maneh, ora ngantor dina iku.
Kapsul warna ireng lan putih diuntal bebarengan, karepe ndang ngrasakake kabeh sing dikandhakake pak tuwa jenggot putih.
“Mas, ana tamu...” bojone alok nggugah. Nanging Harman ora obah.
Asri nangis mingseg-mingseg ngadhepi bojone sing wis nggejojor kaku tanpa nyawa ing peturon, saka cangkeme ndlewer getih kenthel. Ora ana sing ngerti sebab apa, asri mung weruh bojone ngombe pil sadurunge mapan turu. Ah, banget larange pengajine sawijining impen. ***

Lajengaken Maos...
14 Februari 2013

Tugu Jogja, Manunggaling Kawula Gusti

Tugu Jogja inggih menika salah satunggaling landmark-ipun Kutha Ngayogyakarta ingkang paling kawentar. Tugu ingkang yuswa meh 3 abad menika gadhahi makna ingkang lebet sanget lan nyimpen pinten-pinten rekaman sejarah Kutha Ngayogyakarta.
Tugu Jogja dibangun kinten-kinten setunggal tahun sasampunipun Kraton Ngayogyakarta lumadeg, dening Sri Sultan Hamengku Buwono I, inggih pendirining Kraton Ngayogyakarta. Lumadeg ing saprosekawan margi inggih menika Dalan Pangeran Diponegoro, Dalan AM. Sangaji, Dalan Jenderal Sudirman, lan Dalan Pangeran Mangkubumi.
Tugu Golong Gilig
Rikala wiwitan lumadegipun, bangunan menika kanthi cetha nggambaraken Manunggaling Kawula Gusti, krenteg manunggalipun rakyat kaliyan penguasa kagem nglawan para penjajah. Krenteg manunggal utawi ingkang kasebat Golong Gilig menika kagambaraken cetha wonten ing bangunan tugu. Sakanipun awujug gilig (silinder) lan inggilipun awujud golong (bunder), dumugi wusananipun dipunwastani Tugu Golong Gilig.  Nalika lumadeg, tugu menika awujud saka silinder ingkang nyonthong ing nginggil, lan ing ngandhapipun awujud pager saubeng. Panggenan  tugu menika ugi dumados pathokan eneripun nalika Sri Sultan Hamengku Buwono I nindakaken mertapa, ingkang ngadhep pucuking Gunung Merapi. Inggilipun Tugu Golong Gilig menika ing purwakanipun dumugi 25 meter.
Swasana tugu menika ewah rikala tanggal 10 Juni 1867, ing wekdal menika kadadosan prahara lindhu ageng ingkang nggoncang tlatah Ngayogyakarta lan ndadosaken tugu menika ambleg. Kawontenanipun estu-estu ewah ing tahung 1889, nalika pamarentah Walandi mugar bangunan tugu. Tugu dipun damel wujud kothak kanthi dipun paes prasasti ing saben iringipun ingkang nuduhaken sinten kemawon ingkang tumut wonten ing pamugaran kala wau. Ing inggilipun tugu mboten awujud bunder malih, nanging awujud conthong ingkang lancip. Inggilipun ugi dados langkung andhap, namung 15 meter utawi 10 meter langkung andhap saking bangunan aslinipun. Wiwit wekdal niku, tugu kawastanan minangka De Witt utawi Tugu Pal Putih.
Tugu Pal Putih
Pamugaran bangunan menika sejatosipun namung caranipun Walandi kagem mecah manunggal antawisipun rakyat kalian raja. Nanging, ningali saking perjuanganipun rakyat lan raja ing Ngayogyakarta, kanyata upaya kala wau mboten kasil.
Tugu Jogja menika salah satunggaling poros imajiner antawisipun Segara Kidul, Kraton Ngayogyakarta, lan Gunung Merapi. Menawi katarik garis ingkang lempeng, saged dipun panggihi objek-objek wisata ingkang nggumunaken, inggih menika Gunung Merapi, Kaliurang, Monumen Jogja Kembali, Tugu Jogja, Stasiun Tugu, Malioboro, Pasar Beringharjo, Benteng Vredeburg, Alun-alun Ler, Kraton Ngayogyakarta, Alun-alun Kidul, Panggung Krapyak / Kandhang Menjangan, Desa Wisata Manding, lan dumugi Pantai Kidul inggih menika Parangtritis.

Lajengaken Maos...
12 Februari 2013

Sang Surya, Dewaning Srengenge

Surya gadhahi artos srengenge inggih sumber gesanging para makhluk ing alam donya. 
Ing pewayangan jawi, Surya menika salah satunggaling dewa inggih Bathara Surya inggih menika dewaning srengenge. Bathara Surya sampun kawentar sekti mandraguna lan dumados salah satunggaling dewa andalan ing kayangan Ekacakra. Bathara Surya kaloka remen paring pusaka lan aji-aji dhumateng tetiyang ingkang pinilih. 
Bhatara Surya menika kondhang nggadhahi putra ingkang kathah saking mapinten-pinten wanita antawisipun saking Dewi Kunthi ingkang miosaken Adipati Karna (ing carios Mahabharata). Ing carios Mahabharata, Dewi Kunthi nampi satunggaling aji-aji saking Resi Druwasa inggih menika Aji Adityaherdaya. Aji-aji menika menawi dipun sebataken, piyambakipun saged nimbali para dewa lan miosaken putra saking dewa menika. 

Pitados dhumateng aji menika, tanpa mboten dipun emuti Kunthi sampun nrejang pangemutipun sang guru supados mbuten ngucap Aji Pameling Wekasing Tunggal ing wekdal angsluping srengenge. Karana sampun nrejang pangemutipun Resi Druwasa, saengga Bhatara Surya dumugi, nanging nalika Surya dumugi, Kunthi rumaos ajrih lan nyuwun supados Surya wangsul. Nanging, Surya gadhahi kewajiban inggih nyekapi aji-aji kala wau saderengipun wangsul. Bhatara Surya ngakeni menapa ingkang dipun ajrihi dening Dewi Kunthi, lan sagah nanggel menapa ingkang dipun dermi. Karana sampun wancinipun miosaken keng putra, pramila Bhatara Surya ngedalaken jabang bayi saking talinganipun Kunthi ing pangajab mboten ngrisak prawanipun. Jabang bayi menika lajeng dipun paringi asma Karno ingkang ateges talingan, sesebatan sanesipun inggih menika Surya Putra
Karana Kunthi boten purun wonten tiyang sanes mangertosi kedadosan menika, kanthi kapeksa ngentiraken sang jabang bayi wonten ing Kali Gangga ingkang muaranipun ing Astina. Karna ingkang saya dangu tambah ageng akhiripun langkung milih dados salah satunggaling punggawa perang saking Kurusetra utawi kulawarga Kurawa. 
Bhatara Surya ingkang lenggah tahta ing kayangan Ekacakra, hanampi widadari mbakyu adhi kagem diangkat garwa inggih asma Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni. Dening Sang Hyang Wenang, kekalih garwa kala wau dipun caosi tigan ingkang cacah setunggal-setunggal. Tigan ingkang dipun paringaken dhumateng Dewi Ngruna menika lajeng netes lan mios peksi ingkang cacah kalih lan dipun paringi asma Sampati lan Jatayu. Dene tiganipun Dewi Ngruni lajeng netes mios naga ingkang cacah kalih ugi lajeng dipun paringi asma Naga Gombang lan Sawer Wisa. 
Bhatara Surya gadhahi tunggangan wujud kreta ingkang ditarik turangga cacah pitu. Kreta menika nate dipun ampil dening Bhatara Wisnu rikala ngasoraken Prabu Watugunung inggih narendra ing Giliwengsi. 
Ing satunggaling wekdal, sang Surya mangertosi kedadosan Kala Rahu mandung Tirta Amerta inggih tirtaning gesang para dewa. Tundhonipun Bhatara Surya menika dipun incim dening Kala Rahu badhe diuntal. Menawi Surya saged dipun cepeng lan diuntal dening Kala Rahu, pramila badhe kadadosan wontenipun grahana bagaskara (gerhana matahari).

Lajengaken Maos...
11 Februari 2013

Bantene Asmara

Bantene Asmara
Dewi Dersanala

Tekan ngendi kudu dak luru
Kapan bisa ketemu
Tresna sejati kang ora semu
Lan dudu palsu

Wus cukup nandang wirang
Nandang rasa nandang raga
Ketaman langiting dhuhkita
Sinendhal mayang koncatan tresna


Rojah-rajeh ati iki
Arang kranjang tatuku
Tan kuwasa bangkit dwujaku
Tan bisa ambengkas dahuru
Lan reretu
Bantene asmara kang tinemu
Ndadekna kuru
Amarga wuru

Lajengaken Maos...

Sunaring Bagaskara

Sunaring Bagaskara
Aris Irianti

Diiringi sunaring bagaskara
Kang cumlorot saka brang wetan
Nambahi semangat anggonku lelumban
Ana ing kancah pawiyatan
Muga-muga Gusti tansah paring pepadhang
Lan tansah maringi pangayoman
Bisa melu ombyaking jaman
Lan ngisi kamardikan

Kanthi sunaring bagaskara
Gusti wis maringi begja tan kinira
Ora mung sing ana ngarep netra
Nanging ana sajeroing segara
Kang akehe tan kinira
Aku mung bisa nyuwun pangapura
Yen durung bisa nglampahi
Apa sing dikersakake Gusti
Nanging wiwit dina iki
Aku arep mersuji
Kanthi sumoroting sunare bagaskara

Lajengaken Maos...
10 Februari 2013

Pedah, Ing Salebeting Kembang Kuburan

Kamboja utawi Semboja, tetaneman ingkang asring kawastanan sekaring astanalaya menika gadhahi nama latin Plumeria acuminata Ait. Sejatosipun kathah sanget khasiat saking taneman Semboja menika. Ing salebeting taneman semboja menika ngandhut senyawa-senyawa kimia ingkang sae kadosta asam plumerat, asam serotinat, plumierid, lan agoniadin. Wonten ing oyot lan ronipun ngandhut saponin, polifenol, alkaloid, lan fenetilalkool. Lan ing sedoyo bagian taneman menika wonten senyawa fulvoplumierin ingkang gadhahi guna kagem disentri, radang saluran pernapasan, TBC, ugi hepatitis.
Sekar Semboja kalebet sekar ingkang saget dipun tedha kados dene sekaring kates lan sekar turi. Nedha sekar Semboja menika saget mantunaken sakit demam, cekoh, nglancaraken mbucal toyan, nyegah semaput, lan ngendhelaken mencret. Khasiat sanesipun saking sekar menika antawisipun ngredam abuh, tlutuhipun kagem ngredam bisul ugi mantunaken borok, ngangkat kutil, ngedalaken eri saking daging, mangsulaken suku ingkang pecah-pecah, lan gerah wojo. Teh sekar Semboja saged normalaken pencernaan, malah ndamel teh saking cucalipun saged ngalusaken pathek.
Pramila saking menika, monggo ngulintenaken ngunjuk teh sekar semboja, nyencem oyotipun, utawi ngginakaken cucalipun ingkang ngandhut zat kimia ingkang migunani, malah dados antibiotikipun badan. Ampun nyebat sekar semboja menika namung sekaring astanalaya ingkang gadhahi kesan mistis, nanging semboja menika taneman pengayom ingkang nentremaken bathin lan piguna dhumateng kasarasan.
Malah akhir-akhir menika wonten pawartos bilih sekar semboja pajeng awis sanget. Setunggal kilo saged dumugi 100.000 rupiah.

Lajengaken Maos...
9 Februari 2013

Petenging Jagad

Petenging Jagad
S. A. Pranatan

Jaman saiki…
Jalma tumandang nggegirisi
Pindha banteng ketaton
Tandhang kesit kadya thathit
Cukat kadya kilat
Nanging amung nekat

Petengenging jagad…
Dening lakuning manus kang wus kliwat
Pejabat gawe nelangsa rakyat
Panguasa gawe dhuhkita, sungkawa
Kang jumangkah nyimpang ing pepalang
Keblinger saka bebener

Mula saka ikuu…
Heee..janma manungsa, generasi mudha
Tindakna laku utama
Ngreksaa lestarining alam donya
Jumangkah kanthi mikir bathi lan tuna
Supaya bisa piguna
Tumrap bangsa lan negara


Lajengaken Maos...

Kaya Orong-orong Kepidak

Kaya Orong-orong Kepidak
Dening Lina Indriawati Santoso


      Dina minggu esuk, Pak Sarju nembe gawe kandhang ayam ana plataran omah. Dene Wicak putune kang umur limang taun lagi dolanan andha ula ana teras karo kanca-kancane. Ibune Wicak lagi blanja ana warung, rada sauntara sebab warunge ing desa kui mung siji tur mesthi regeng. Bu Sarju lagi masak ana pawon. Kabeh duwe pagaweyan dhewe-dhewe.
      “Kampret...!”. Pak Sarju kaget nalika Wicak misuh kaya ngnu kuwi. Kancane Wicak padha cekikikan.
      Pak Sarju tansah ngajarake supaya ukara-ukara kang kulina diucapake kuwi sing becik-becik. Migunakake basa krama marang wong liya. Mula putune dijenengi Wicaksana, supaya bocahe uga nduweni sipat wicaksana. Sanadyanta dudu keturunan ningrat nanging sopan-santun tata krama tansah dijaga ana kulawargane. 
      “Kampret, aku kalah meneh ki,” swarane Wicak maneh.
     “Wicak!!! Ora pareng omong ngnu kuwi!” Sentake Pak Sarju. Wicak kang kaget banjur nangis nggoleki ibune. Kanca-kancane uga langsung bubar weruh praupane mbahne Wicak kang ulate peteng.
    “Wonten napa ta, Pak?” Bu Sarju mbopong Wicak kang isih nangis kamisesegen. Gandheng ibune ora ana, Wicak banjur njaluk gendhong mbah putrine.
     “Kuwi mesthi akibate anggone srawung karo anakke tangga-tangga. Bocah TK wis ngerti misuh,” wangsulane Pak Sarju.
    “Nggih dikandhani alon-alon, Pak. Bocah niku rak ming kados kaset, nyuwanten ingkang dipun rekam. Dereng mesthi ngertos tegese.” Bu Sarju coba ngleremake garwane.
     “Lha ya kuwi, piye wongtuwane anggone ndhidhik, kok nganti bisa bocah cilik nyuwara kaya ngono mau,” Pak Sarju tetep atos.
       Bu Sarju ngejak Wicak mlebu omah. Rembugan karo wong nesu kuwi ora bakal gathuk nalare. Wicak nganti turu ana gendhongane mbah putrine. Banjur Bu Sarju alon-alon mapanake ana kamar. Dielus-elus sirahe Wicak kanthi rasa tresna.
      Wis jamane, putu dadi anak. Ateges wis umume, bocah saiki dimong simbahe. Dene wongtuwane padha nyambut gawe kanggo nyukupi butuh. Semono uga wongtuwane Wicak. Bapakne dadi kuli bangunan kang mangkat mruput bali surup, dinane prei ora temtu. Dene ibune Wicak pelayan toko kang nyambut gawe kadhang mlebu esuk bali sore, utawa mlebu awan bali wengi, dina minggu ora prei, kaya dina iki. Mula saben dinane Wicak melu embahne.
    “Wicak kenging menapa, Bu?” Sarti, ibune Wicak nembe bali saka warung katon sumelang.
      “Ora papa, ndhuk.” wangsulane ibune.
Sarti unjal ambegan lega. Yen nganti Wicak masuk angin utawa tiba anggone dolanan utawa kena apa-apa bab kacilakan, Sarti melu kelara-lara. Yen ta bisa milih, Sarti kepengin ana ngomah, ngopeni Wicak kanthi sabecik-becike. Nanging kuwajiban nyambut gawe kanggo nyukupi kabutuhan, ndadekake Sarti kudu nitipake Wicak marang wongtuwane.
     “Ibu...” Wicak nglilir, banjur nangis meneh weruh ibune.
     “Wicak didukani Eyang Kakung” wadule marang Sarti.
   “Lho kenging napa kok Wicak didukani?” pitakone Sarti marang anake basa krama, sebab kuwi salah sijine cara amrih anake kulina basa alus.
     “Mboten ngertos, Bu” isih karo nangis.
    “Nggih sampun, cup.. sampun anggene muwun, mangkih ndak ilang baguse. Mriki, ibu gadhah wafer...” Wicak banjur sumringah, lan lali marang tangise.
***
     “Wicak klentu menapa ta, Pak?” Sarti takon marang Pak Sarju sawetara wektu sabanjure.
    “Lha kuwi kowe, minangka wongtuwane, ibune, piye anggonmu ndhidhik kok nganti bocah cilik ngerti misuh. Aku ki tansah ngajari ukara-ukara kang becik, lha kok putuku nganti nyuwara kang ora patut ngono. Kuwi yen ora amarga wongtuwane, utawa seko sekolahane mesthi merga srawung anake tangga-tangga.” Pak Sarju duka.
    “Nyuwun pangapunten, Pak. Wicak menika temtu boten mangertos yen ukara wau gadhah teges awon. Lan kula kinten mboten perlu dipun dukani, cekap dipun caosi pirsa ingkang leres.”
      Bu Sarju metu nggawa tela godhog lan kopi unjukane garwane.
    “Sesuk meneh wicak rasah oleh dolan karo anak-anake tanggane, ndak melu-melu sok omong elek.” Pak Sarju isih durung lerem.
     “Nggih mboten saged mekaten ta, Pak. Srawung kaliyan tiyang sanes menika sae kagem perkembangan jiwa sosiale Wicak.” Ujare Sarti.
    “Pak, tak matur sithik, awake dhewe niku mboten saged mbatesi tiyang sanes nyuwanten awon, nanging kita saged ngulinakaken Wicak matur ukara-ukara sae. Ukara awon ingkang Wicak mangerosi menika saged ical lan kesupen, menawi kita tansah ngajari basa ingkang sae,” Bu Sarju melu urun rembug. Pak Sarju meneng alon-alon ngonceki ukarane bojone banjur manthuk-manthuk sarujuk.
      “Wicak,” Pak Sarju nyelukake putune kanthi alus. Wicak mara isih rada wedi.
      “Simbah njaluk ngapura,” disun pipine putune.
    “Wicak mboten pareng nirokke omongan elek kados wau nika nggih?” putune manthuk.
     “Simbah tak takon, Wicak nirokke sapa ta, muni ngono mau?” Pak Sarju takon maneh.
   “Wicak mireng saking mbak kakung, wingi pas pakdhe Waris tindak mriki. Simbah ngendika: “Kampret, tak tunggu-tunggu kawit mau, Ris! Wicak kinten kampret niku ukaranipun lucu,”
      Pet! Pak Sarju tiba kanteb kaya orong-orong kepidak. ***

Lajengaken Maos...

Sabubare Pesta

Sabubare Pesta
H Riyadi Afiat

Grenenge wit-witan
Si biyung:…
Wes le, wis nok
Lerena anggonmu nggresula
Wis dadi nasibe dhewe
Denmas para calon kae
Milara sak geleme dhewe
Maku aku, maku kowe
 

Nasib wit-witan
Menawa bakal ana pilihan
Pinggir dalan pinggir ratan
Para calonJare titip gambar lambang
Padha dhedhisikan
Padha rebutan
Pating tremplok
Patng kleyang

Gambar lambang kae
Perlu ngelingake
Pesta demokrasi perlu
Milih calon par pamengku
Pangembang pangembating praja
Manggalaning nagara
 


Muga pesta ora ana cidra
Mugi dadi sarana
Negara tamsaya tumata
Rakyat makmur warata
Tinebihna dur angkara
Rinahmatan dening gusti
Gusti kang Maha Suci

 

Lajengaken Maos...